Notifikasi

38+ Kumpulan Soal BAHASA JAWA Sederajat dengan Kunci Jawaban

Hai, Apa kabar?.. teman, Di website caktekno.com hari ini 09-Jul-2022 kami menyediakan kumpulan soal, bank soal beserta daftar jawaban/kunci jawaban tentang BAHASA JAWA yang sangat lengkap untuk semua jenjang pendidikan sebagai sarana belajar kamu belajar dan mengikuti PTS (Penilaian Tengah Semester)/UTS/Ulangan/Tugas Rumah/PR/Ujian Akhir untuk Kelas 3rd di sekolah atau sebagai referensi soal untuk bapak dan ibu guru di sekolah. Soal latihan di website ini disusun secara struktur dan mempermudah siswa mempelajari dan menguasai mata pelajaran pada semester 1 dan 2 2022/2023.

38+ Soal BAHASA JAWA 2022/2023 Lengkap



1. Mingkar mingkur ing angkara,

Akarana karenan mardi siwi,

Sinawung resmining kidung,

Sinuba sinukarta,

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung,

Kang tumrap ing tanah jawa,

Agama ageming aji.

Tembang pangkur ing dhuwur duwe amanat....

a. Kurangi melek bengi
[Jawaban Salah]

b. Kurangi mangan lan turu supaya batin luwih landhep
[Jawaban Salah]

c. Wong kudu eling marang Guti Allah
[Jawaban Salah]

d. Gatekna pituture guru
[Jawaban Salah]

e. Agama paling penting kanggo cekelan urip
[Jawaban Benar]



2. “Bocah-bocah, aja lali sinau ya. Suk Senen wis wiwit testing. Bu Guru ndongakke muga-muga kowe kabeh bisa nggarap ujian lan antuk biji apik”. Mangkono pratelane Bu Guru sadurunge mungkasi jam pelajaran awan kuwi.

Dina Setu kuwi, murid-murid SMK ing pinggiran Kutha pancen isih ana pelajaran. Jam pelajarane diisi kegiyatan nggarap soal bareng-bareng. Bubar latiyan soal, Bu Guru ora lali ngandhani murid-murid lan mbombong atine supaya wayah testing sesuk padha semangat sinau lan wusanane bisa antuk biji sing apik kabeh. Saka pethilan cerkak ing dhuwur nilai kang bisa dijukut yaiku ....

a. Nilai sosial


[Jawaban Salah]

b. Nilai moral
[Jawaban Salah]

c. Nilai budaya
[Jawaban Salah]

d. Nilai Estetika
[Jawaban Salah]

e. Nilai pendidikan
[Jawaban Benar]



3. ......Esuk iku, swasana ing kantor katon ora kaya biasane. Kabeh pawongan katon padha sibuk mergane pancen dina iki kudu nggawe laporan bab penjualane montor neng showroom. Pak Karto sing duwe showroom ya padha melu sibuk amarga kudu ngecek laporan saka karyawane. Ton, iki laporanmu wis dak tampa, pancen akeh montor sing wis dak dol luwih saka liyane. Swarane Pak Karto ngendhikan karo Anton. Anton mung mesem lan ora sombong. Awit dheweke ya njaga perasaane kanca liyane sing isih akeh durung mlebu target. Ya cetha wae akeh, lha wong piyayine wae alus, sopan lan yen ngendhikan enak dirungokake, dadine para pelanggan kepincut. Apamaneh ditambah ngganteng sisan. Ayu melu nggodha Anton

Manut pethilan crita cekak ing dhuwur iku, panyerat anggone nudhuhake watake paraga yaiku kanthi teknik…

a. Analitik
[Jawaban Salah]

b. Dramatik
[Jawaban Benar]

c. Ekspositorik
[Jawaban Salah]

d. Pragmatik
[Jawaban Salah]

e. Psikomotorik
[Jawaban Salah]



4. Petugas isih ngusahakake kanggo korban banjir ing Pekalongan. Jumat 25 Januari 2019. Mangsa rendeng kang dawa kaya mangkene pancen mbebayani kanggo daerah sing rawan banjir. Tanpa ana penyebab saka manungsa wae kebanjiran iku bisa sawayah-wayah kedadean merga udan terus, apa maneh yen ana penyebab saka ulahe menungsa. “Kebanjiran anyak gebug 21.00 WIB, Jumat 25 januari 2019 ing Pekalongan. Penyebabe kebanjiran dikirakne sampahe akeh,” tembung Bupati Pekalongan, Adi Nugroho menehake informasi dina senen (28/1/2019).

Kang ora kalebu Isi saka pawarta ing dhuwur yaiku....

a. Penyebabe kebanjiran dikirakne sampahe akeh
[Jawaban Salah]

b. Ora ana penyebabe kebanjiran ing pekalongan
[Jawaban Benar]

c. Kebanjiran ing pekalongan jumat 25 januari 2019
[Jawaban Salah]

d. Kebanjiran iku bisa sawayah-wayah kedadean merga udan terus
[Jawaban Salah]

e. Mangsa rendeng kang dawa kaya mangkene pancen mbebayani kanggo daerah sing rawan banjir
[Jawaban Salah]



5. Pawarta ing dhuwur, kesimpulan isi pokok yaiku......


a. Romo Beny mratelakake alesan/ pawadan kanggo nolak kurikulum 2013
[Jawaban Benar]

b. Romo Beny ora mratelakake alesan/ pawadan kanggo nolak kurikulum 2013
[Jawaban Salah]

c. Andharan babagan nolak kurikulum 2006
[Jawaban Salah]

d. Dwija lan rohaniwan Romo Benny, ora mlebu anggota Persekutuan Greja Indonesia (PGI)
[Jawaban Salah]

e. Ing Kantor Indonesia Corruption (ICW), Lody Paat medhar andharan babagan nrima Kurikulum 2013
[Jawaban Salah]



6. Omah Adat Jawa

Omah tradhisional Jawa iku awujud Joglo. Wewangunan omah joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok yaiku pendhapa dumunung ing ngarep dhewe piguna utamane kanggo nampa tamu. Dibangun tanpa wates ruangan nglambangake pribadine wong Jawa kang tansah mentingake karukunan lan kekadangan. Pringgitan isih kalebu papan umum. Dumadi saka tembung “ringgit” sing tegese wayang. Jaman biyen panggonan iki biyasa kanggo nggelar pamentasan wayang. Kanthi maksud supaya manungsa nguri-uri kabudayan Jawa. Dalem Agung iku wujud bangunan inti saka omah joglo sing sifate luwih tinutup. Senthong/ krobongan ateges kamar sing biyasa kanggo turu lan kanggo nyimpen maneka wujud pusaka. Pakiwan yaiku panggonan kanggo reresik dhiri. Bagean mburi dhewe yaiku Gandhok Pawon yaiku panggonan kanggo masak lan dhahar.

Ing wewangunan omah joglo ana ruwangan sing jenenge Gandhok Pawon. Apa fungsi utama ruwangan kasebut?

a. Kanggo ngaso utawa turu
[Jawaban Salah]

b. Kanggo nampa tamu
[Jawaban Salah]

c. Kanggo masak lan dhahar
[Jawaban Benar]

d. Kanggo panggonan pagelaran wayang
[Jawaban Salah]

e. Kanggo reresik dhiri
[Jawaban Salah]



7. Samangsane pesamuan,

Mamangun marta martani,

Sinambi ing saben mangsa,

Kala kalaning asepi,

Lelana teki-teki,

Nggayuh geyonganing kayun,

Kayungyun eninging tyas,

Sanityasa pinrihatin,

Puguh panggah cegah dhahar lawan nendra

Tembang sinom ing dhuwur nduweni paugeran ....

a. 8a, 7i, 9a, 7i, 8i, 8u, 8a, 8i, 11a
[Jawaban Salah]

b. 7a, 8e, 9a, 8i, 8a, 8o, 7a, 9i, 12a
[Jawaban Salah]

c. 8a, 8i, 8a, 8i, 8a, 8u, 8a, 8i,12a
[Jawaban Salah]

d. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i,12a
[Jawaban Benar]

e. 7a, 8a, 9a, 8i, 7i, 8a, 7a, 8i,12a
[Jawaban Salah]



8. Anake Pandhu Dewanata sing kepindho lair jeneng Bratasena. Bratasena lair jero kahanan bungkus lan ora ana senjata kang bisa mbedah. Raden Pandu mertapa kanggo njaluk pituduh kanggo mbedah bayi bungkus kuwi, akhire Bathara Narada mudhun menyang marcapada bareng karo gajah sing nduwe jeneng Sena. Gajah sena digawa menyang taman,gajah kuwi ngunakakake gadhing kanggo nyuwek bungkusan bayi. Saknalika suwek bungkus bayi Pandhu Dewanata bombong nganti neteske eluh.

Pitutur kang kamot sajroning cerita wayang ing dhuwur diparibasakake ....

a. Wong kang sabar luhur wekasane
[Jawaban Salah]

b. Rawe-rawe rantas malang-malang putung
[Jawaban Salah]

c. Jer besuki mawa bea
[Jawaban Salah]

d. Mban cindhe mban siladan
[Jawaban Benar]

e. Adigang adigung adiguna
[Jawaban Salah]



9. Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapa–bapa, Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

Pethilan teks pranatacara ing dhuwur minangka perangan...

a. salam pambuka
[Jawaban Salah]

b. ancasing gati
[Jawaban Salah]

c. surasa basa
[Jawaban Salah]

d. wasana basa
[Jawaban Salah]

e. purwaka basa
[Jawaban Benar]



10. Saka gambar ing dhuwur iku jinising panganan tradisional kang diarani ....

a. Lemper
[Jawaban Salah]

b. Kupat
[Jawaban Salah]

c. Lepet
[Jawaban Salah]

d. Lonthong
[Jawaban Salah]

e. Klepon
[Jawaban Benar]



11. Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo huruf latin yaiku....

a. Taun 2015 aku lulus sekolah
[Jawaban Salah]

b. Taun 2015 aku lulus SMK
[Jawaban Salah]

c. Taun 2016 aku lulus sekolah
[Jawaban Salah]

d. Taun 2017 aku lulus sekolah
[Jawaban Benar]

e. Taun 2016 aku durung lulus.
[Jawaban Salah]



12. Ngelmu iku kalakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setyabudya pangekese dur angkara

Saka tembang pocung ing dhuwur kang tegese kudu kanthi niat kang temen ana ing gatra kaping....


a. 1
[Jawaban Salah]

b. 2
[Jawaban Benar]

c. 3
[Jawaban Salah]

d. 4
[Jawaban Salah]

e. 1-2
[Jawaban Salah]



13. ....................................

“Oh, apurane aku, Le. Bapak pancen wong leletheking jagad sing ora pantes tinulad ing anak putu. Ing sawijining wektu aku ngajak maling kayu karo sawetara kanca. Ning sial, le wengi kuwi alas pejaten kana digrebeg polisi. Sanajan kabeh anak buahku bisa slamet, ning gilo lengenku kesrempet timah panas.” Bareng Bapak takon-takon sawise mari, jebul sing nggrebeg Bapak kuwi polisi sektor dhaerah kene wae sing dipimpin dening Bapak Komandan Dibyo. Ya wiwit kuwi, Le Bapak njur ngigit-ngigit banget kepingin males.”Saka pethikan novel ing dhuwur, latar kedadean ana ing ....

a. Kantor polisi
[Jawaban Salah]

b. Tumpukan kayu
[Jawaban Salah]

c. Alas Pejaten
[Jawaban Benar]

d. Pabrik Timah
[Jawaban Salah]

e. Pinggir alas
[Jawaban Salah]



14. Nalika wonten adicara peresmian pabrik anyar, Pak Walikota sampun sagah maringi sesorah utawi sambutan lan ngresmekake kanthi resmi pabrik kang mapan ing Kutha Surakarta. Ananging ing dinten kasebut, Pak Walikota boten saged rawuh awit wonten dhawuh kedah ing Jakarta. Awit sampun titi wancinipun boten wonten gantosipun. Kepeksa Pak Kepala Dinas Perindustrian ingkang rawuh ing adicara kasebut ingkang nyambut. Pak Kepala Dinas sejatosipun boten siyap, awit dadakan lan boten wonten persiapan. Awit kedah nyambut, Pak Kepala Dinas kepeksa maringi sambutan kanthi spontan kemawon.

Miturut crita ing dhuwur. Pak Kepala Dinas anggone maringi sesorah kanthi metodhe….

a. Ekstemporan
[Jawaban Salah]

b. Mawi cathetan
[Jawaban Salah]

c. Maos Naskah
[Jawaban Salah]

d. Impromtu
[Jawaban Benar]

e. Apalan
[Jawaban Salah]



15. Tlatah Jawa iku ora bisa uwal saka upacara sakral adat Jawa. Salah sijine yaiku babagan upacara temanten adat Jawa. Upacara temanten Jawa iku duweni rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem.

Upacara temanten iki nglambangake sapatemonan ing antarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan sing mligi kaya dene raja lan ratu.

Rantaman adicara temanten adat Jawa ing saben laladan iku beda miturut kahanan ekonomi saben kulawarga. Salah sijine upacara temanten Jawa yaiku upacara paningset. Upacara paningset yaiku peranganing upacara temanten

kang tegese naleni lan duweni ancas yen calon penganten wanita wis nampa paningset saka calon penganten kakung. Ubarampe kang utama utawa inti ana ing upacara paningset yaiku


a. Kalpika
[Jawaban Benar]

b. Centhung
[Jawaban Salah]

c. Cundhuk mentul
[Jawaban Salah]

d. Gelang binggel
[Jawaban Salah]

e. Kalung sungsun
[Jawaban Salah]



16. Emanuel putrane Pak Ziki.

Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku....



17. Cerita babagan kepahlawanan kang dicampur karo angen-angen utawi imajinasi kayata

Ken Arok lan Ken Dhedhes, Tutur Tinular lan sapanunggalane iku diarani....

a. Fabel
[Jawaban Salah]

b. Mite
[Jawaban Salah]

c. Legenda
[Jawaban Benar]

d. Sage
[Jawaban Salah]

e. Farabel
[Jawaban Salah]



18. Pariwara ing dhuwur kalebu jenis iklan ....

a. Layanan Masyarakat
[Jawaban Salah]

b. Kulawarga
[Jawaban Salah]

c. Komersil
[Jawaban Benar]

d. Resmi
[Jawaban Salah]

e. Ora resmi
[Jawaban Salah]



19. Ngrembakanipun kethoprak kawiwitan saking dolanan lesung. Lajeng dados kesenian kethoprak jangkep kanthi gamelan ingkang ngiringi, sarta budhaya-budhaya teater bangsawan nyesel wonten salebetipun kethoprak.

Tembung ngrembaka ana ing pethikan dhuwur ateges ....

a. Sansaya akeh
[Jawaban Benar]

b. Sirna
[Jawaban Salah]

c. Mandheg
[Jawaban Salah]

d. Remen
[Jawaban Salah]

e. Ilang
[Jawaban Salah]



20. Presiden Sukarna yen ditulis aksara jawa ....



21. Tembang macapat kang ateges nggambarake mangsa nalika manungsa iku wus mangun bale wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem karo kulawargane yaiku ....

a. Maskumambang
[Jawaban Salah]

b. Mijil
[Jawaban Salah]

c. Sinom
[Jawaban Salah]

d. Kinanthi
[Jawaban Benar]

e. Asmarandhana
[Jawaban Salah]



22. Mangka kanthining tumuwuh

Salami mung awas eling

Eling lukitaning alam

Dadi wiryaning dumadi

Supadi nir ing sangsaya

Yeku pangreksaning urip

Prayatan ing ngisor iki kang jumbuh karo wos surasane tembang ing dhuwur yaiku....

a. Tansah eling marang tangga teparo
[Jawaban Salah]

b. Supaya dicedhakne marang Gustine
[Jawaban Salah]

c. Manungsa kudu tansah njaga alam donya
[Jawaban Salah]

d. Wong urip iku kudu sregep nyambut gawe
[Jawaban Salah]

e. Sangune urip yaiku tansah waspada lan eling
[Jawaban Benar]



23. ................................................


Uga rasa tulus lan luhuring budi pekerti,

Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki

Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti.


Tembung ratri ana ing larik kapindho pethikan geguritan ing dhuwur ateges ....

a. Seneng
[Jawaban Salah]

b. Susah
[Jawaban Salah]

c. Gela
[Jawaban Salah]

d. Wengi
[Jawaban Benar]

e. Awan
[Jawaban Salah]



24. Wacanen geguritan ing ngisor iki!

Tresna Wurung

Dening: Chris Papa Jaya

nadyan angin wengi wiwit njiwit kulit

nanging mripat iki panggah akedhep tesmak

wewayanganmu kang tansah liwat ngujiwat

nggodha ati suwung, tumlawung

tresna wurung

dhuh, uwong ayu gantilaning ati

kamitegan, kowe cidra ing janji

oncat datan pepoyan

katut priya tumpakan sedan

lan aku muhung tetep lumaku

atut saparaning suku

sangu ati kang saya wuru


Geguritan kanthi irah-irahan Tresna Wurung ing dhuwur iku nyritakake....

a. Wong lanang kang katut karo wong wadon
[Jawaban Benar]

b. Wong lanang kang ditinggal sisihane merga bandhane entek
[Jawaban Salah]

c. Wong wadon sing kepincut marang wong lanang sing bagus rupane
[Jawaban Salah]

d. Wong lanang sing nyidrani janji wong wadon merga kepincut bandhane liyan
[Jawaban Salah]

e. Wong wadon sing nyidrani janji wong lanang merga kepincut bandhane liyan
[Jawaban Salah]



25. Wus Mesthine

Dening: Rinda Asy Syifa


Wus mesthine,

Gusti Allah nora salah nulis skenario,

Lakon-lakon kang padha nyenyadhong,

Nyuwun panduming pangupa jiwa....

Nganti tumekane titi wanci,

Lakon-lakon padha dadya layon

Nitik saka geguritan ing dhuwur kalebu jenis ....

a. Elegi
[Jawaban Salah]

b. Epigram
[Jawaban Salah]

c. Satire
[Jawaban Salah]

d. Himne
[Jawaban Benar]

e. Romansa
[Jawaban Salah]



26. Gambar busana adat jawa ing dhuwur arane....

a. Blangkon
[Jawaban Salah]

b. Setagen
[Jawaban Salah]

c. Rasukan
[Jawaban Salah]

d. Wangkingan
[Jawaban Salah]

e. Surjan
[Jawaban Benar]



27. BusanaAdatJawa

Busana adat Jawa nduweni patang perang anya iku perangan ndhuwur ,perangan tengah, perangan mburi, lan perangan ngisor. Perangan ndhuwur kaya dene udheng, blangkon, dhestar.Perangan tengah yaiku kaya dene rasukan, sinjang, setagen, sabuk, epek. Perangan mburi yaiku kaya dene wangkingan, curiga utawa keris. Banjur perangan ngisor yaiku canela utawa sandal.

Perangane busana adat Jawa sing dienggo ana ing sirah yaiku....

a. Caping
[Jawaban Salah]

b. Kupluk
[Jawaban Salah]

c. Kethu
[Jawaban Salah]

d. Kudhung
[Jawaban Salah]

e. Udheng
[Jawaban Benar]



28. Gambar ing dhuwur jinis gamelan kang arane ....

a. Saron
[Jawaban Salah]

b. Gambang
[Jawaban Salah]

c. Bonang
[Jawaban Benar]

d. Kempul
[Jawaban Salah]

e. Kenong
[Jawaban Salah]



29. Gambar gamelan ing dhuwur carane nabuh yaiku ....

a. dithuthuk
[Jawaban Salah]

b. disebul
[Jawaban Salah]

c. digesek
[Jawaban Salah]

d. dikeplak
[Jawaban Benar]

e. dipetik
[Jawaban Salah]



30. Kendhang yaiku perangan gamelan kang cara nabuhe dikeplak nganggo epek-epek ( telapak tangan ). Perangan gamelan iki penting banget amarga minangka pengatur irama, kalamangsa uga minangka pambuka gendhing. Kendhang ginawe saka kayu kang dibolongi nganti tembus banjur bolongan iku ditutup nganggo kulit kewan, kayata sapi, kebo utawa wedhus. Jinising kendhang ing antarane: kendhang ketipung, kendhang ciblon, kendhang bem, lan sapiturute.


Saka teks eksposisi babagan kendhang ing dhuwur, pathokan kang ora ana yaiku....

a. Njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan
[Jawaban Salah]

b. Isi eksposisi
[Jawaban Salah]

c. Gaya eksposisi
[Jawaban Salah]

d. Basa eksposisi
[Jawaban Salah]

e. Penulis eksposisi
[Jawaban Benar]



31. Akbar Tanjung yen ditulis nganggo aksara jawa ....



32. Montor sing arep melu uji emisi ana 169 cacahe,dene montore tanggaku wis diuji emisi ping 4 iki nanging durung lulus.

Ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....



35.

Miturut Tembang Dhandhanggula ing dhuwur dicritakake yen Patih Suwanda iku dadi panuladhan awit...

a. Lelabuhane kang gedhe kanggo negara Maespati
[Jawaban Benar]

b. Ora lali marang jasane kang wis ngangkat drajate
[Jawaban Salah]

c. Jasane gedhe kanggo negara Alengka
[Jawaban Salah]

d. Duweni watak kang seneng tetulung
[Jawaban Salah]

e. Wani mati bela negarane
[Jawaban Salah]



36. Senajan Kumbakarna wujude Buta nanging dheweke nduweni kautaman apa?

a. Perang kaliyan raka
[Jawaban Salah]

b. Ngalengka slamet
[Jawaban Benar]

c. Perang tandhing lawan dasamuka
[Jawaban Salah]

d. Perang lawan bala kethek
[Jawaban Salah]

e. Perang lawan Astina
[Jawaban Salah]



37. Minungsuhken kadange pribadi,

aprang tandhing lan sang Dananjaya,

Sri Karna suka manahe,

dene sira pikantuk,

marga dennya arsa males-sih,

ira sang Duryudana,

marmanta kalangkung,

dennya ngetog kasudiran,

aprang rame Karna mati jinemparing,

sumbaga wirotama.

Saka pupuh tembang ing dhuwur Prabu Karna prajurit kang ....

a. Trapsila
[Jawaban Salah]

b. Utama
[Jawaban Benar]

c. Seneng cengkrah
[Jawaban Salah]

d. Iri
[Jawaban Salah]

e. Srei
[Jawaban Salah]



38. Yen guneman karo wong tuwa aja nyangklak sadhuwure tenggak.

Ukara ing dhuwur kalebu jinis....

a. Paribasan
[Jawaban Salah]

b. Saloka
[Jawaban Salah]

c. Cangkriman
[Jawaban Salah]

d. Wewaler
[Jawaban Benar]

e. Sanepa
[Jawaban Salah]



39. Pakulinan ora entuk negor wit gedhe iku duwe karep....

a. ndhidhik disiplin
[Jawaban Salah]

b. urmat karo wong tuwa
[Jawaban Salah]

c. nglestarekake alam
[Jawaban Benar]

d. ngopeni anak
[Jawaban Salah]

e. tanggung jawab karo sepadhane
[Jawaban Salah]



40. Piwulang kang kamot ana ing wewaler ora entuk nglungguhi kijing yaiku....

a. kuwalat
[Jawaban Salah]

b. urmat
[Jawaban Benar]

c. diprimpeni
[Jawaban Salah]

d. pakewuh
[Jawaban Salah]

e. ngisin-isini
[Jawaban Salah]



Demikian Kumpulan Soal BAHASA JAWA Sederajat dengan Kunci Jawaban, Semoga membantu

Kelas 3rd Kumpulan Soal Pendidikan
Gabung dalam percakapan
Posting Komentar
komentar teratas
Terbaru dulu
Daftar Isi
Tautan berhasil disalin.